Peribahasa Jawa

Salam Suksess sahabat Edushare, kali ini saya akan berbagi makalah tentang peribahasa jawa yang mungkin kita tidak tahu artinya. Makalah ini merupakan karya siswa SMA N 1 Bantul .Langsung saja ini dia:


Sadumuk Bathuk Sanyari Bumi
PAMBUKA

            Assalamu’alaikum. Wr. Wb.
Puji saha raos syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun paring rahmat, hidayah, lan taufiqipun satemah kita saged ngrampungaken tugas Makalah Basa Jawa menika kanti lancar mboten pikantuk alangan satunggal punapa.
Atur panuwun kita aturaken dumateng guru Basa Jawa kelas XII IPA 3 inggih menika Bapak Tulus Widarsana saha kanca-kanca kelas XII IPA 3 ingkang sampun paring bantuan arupi ngelmi, bimbingan, sarna, lan lintu-lintunipun.

ISTILAH
            Paribasan Sadumuk Bathuk, Sanyari Bumi menika biasanipun anggadhahi hubungan kaliyan harga dhirinipun tiyang setri lan tanah pusaka utawi tanah ingkang kedah dipunperjuangaken. Tembung sadumuk kabentuk saking bentuk sa (setunggal) + dumuk (nyekel, ndemok); bathuk artosipun “dahi”, sanyari kabentuk saking sa (satunggal) + nyari (kilan, jengkal); lan bumi artosipun lemah (tanah). Reroncening tembung menika anggadhahi makna “satu rabaan” (dumateng tiyang setri utawi garwa wadon) lan “satu kilan tanah”. Ungkapan menika dipunmangertosi minangka harga dhiri, becik kagem garwa kakung utawi itiyang ingkang gadhah tanah/siti. Masyarakat asring nambahi paribasan menika kanti tembung ditohi pati, ingkang artosipun dipunbela, dipunperjuangaken klawan nyawa. Miturut makna kasebat, artosipun paribasan Sadumuk Bathuk, Sanyari Bumi inggih menika perkawis ingkang “menyangkut” tiyang setri lan lemah/siti ingkang menawi dipunganggu bakal dipunbela utawi dipunperjuangaken senajan nyawa taruhanipun.

PANGETRAPAN ING PASRAWUNGAN
            Tumraping tiyang kakung Jawi, tiyang setri menika lambang/simbol harga dhiri lan sosok ingkang mboten saged dipunpisahaken kaliyan kehidupanipun. Wonten ing masyarakat Jawi, istri dipunsebat minangka “garwa” ingkang makna sigaraning nyawa, artosipun separonipun nyawa ingkang sanes (suami). Minangka sigaraning nyawa, separo nyawa ingkang sanes menika temtu kraos tersinggung, dipuncela, dipunremehaken, utawi dipunrendahaken martabatipun menawi wonten tiyang kakung sanes ingkang nyekel utawi ndemok garwanipun kanti maksud ingkang awon. Menapa malih, bathuk (dahi) menika anggota mustaka ingkang dipunpandhang minangka bagian saking raga ingkang terhormat tumrap tiyang Jawi sahengga menawi wonten tiyang kakung sanes ingkang wantun nyekel utawi ndemok bathuk garwa wadonipun, mangka menika kalebet “penghinaan ingkang angel dipuntampa”.
            Miturut pandhangan Jawi, lemah utawi siti inggih menika harta pusaka lambang harga dhiri, luwih-luwih menawi lemah kala wau menika lemah warisan. Lemah pusaka kedah dipunpertahanaken, ampun ngantos dipunganggu, dipunkuaosi, utawi ical saking “kepemilikan”. Lemah warisan asring dipunsebat minangka tanah wutah getih, penggenanipun miyos. Menawi lemah menika (milik pribadi, kampung, desa, negara, utawi bangsa) bakal dipunkuaosi tiyang sanes, senajan namung sanyari mangka kedah dipunperjuangaken. Kados dene tiyang setri, lemah/siti menika minangka simbol harga dhiri ingkang kedah dipunjagi lan dipunperjuangaken supados mboten dipunganggu tiyang sanes senajan namung sajengkal utawi sanyari.
Wonten konteks nasionalisme, tembung sanyari bumi menika cocog kaliyan usaha-usaha mbela lan njagi harga dhiri bangsa lan negari menika. Indonesia sampun mujudaken paribasan menika nalika ngadhepi para penjajah ingkang badhe nguasani Indonesia. Sedaya rakyat, saking pundi kemawon, sareng-sareng mbela lan njagi negara Indonesia kanti dipunrewangi pati supados Indonesia menika tansah wutuh lan merdika. Wontenipun gerakan separatis ing wilayah-wilayah Indonesia kados NII menika sejatosipun badhe ngganggu kautuhan bangsa lan nagari menika.

PANGAJENG-AJENG
Pramila, kita kedah ngadhepi kanti “semangat”  sadumuk bathuk, sanyari bumi. Menapa malih, wonten kabar menawi badhe wonten ancaman saking “pihak asing” ingkang badhe nguasani Indonesia. Ancaman menika kedah kita adhepi klawan semangat njagi kautuhan wilayah minangka kedhaulatan bangsa lan lambang harga dhiri sedaya rakyat Indonesia. Saking menika, mangka paribasan menika maksudipun mbok bilih lemah/siti lan kahurmatan tumrap tiyang Jawi menika perkawis ingkang penting sanget kanti nyawa toh-tohanipun.

PANUTUP
            Mekaten makalah Basa Jawi ingkang saged kita aturaken. Menawi kathah klenta klentunipun atur kita nyuwun agunging pangaksami. Mugi-mugi makalah menika saged paring manfaat dumateng kula lan panjenengan sedaya. Matur nuwun.


Wassalamualaikum Wr. Wb.

0 komentar:

Posting Komentar

 
EduShare © 2013. All Rights Reserved. Powered by Blogger
Top